Selasa, 05 Juni 2012

Gugon Tuhon


Gugon Tuhon.   

a.       Aja sok mangan ana paturon, mundhak lara gudigen.
            Gugon tuhon iki ngajaraken marang kitasupaya yen mangan mboten ing kasur, amargi kasur niku kangeh turu lan mbotem sopan umpami dhahar ing kasur. Gudigen ,penyakit kulit.
b.       Candek ala 
Mboten becik lelungan wayah magrib. Supaya mangerti, yen magrib iku mayahe leren.        
c.      Tidak boleh menyapu saat malam hari karena ora  ilok/pamali.
Supaya nyapu saget resik, amargi yen bengi-bengi mboten wonten penerangan. Jaman riyin namung nganggeh oncor, yen nyapu bengi-bengi oncoripun saget mati amargi kena bleduk.
d.       Aja ngidoni sumur mundhak suwing lambene.


Amargi banyu sumur iku sing miguakake wong akeh, yen wonten uwong ngidoni sumur, sumuripun dadi reget. Umpami uwong ingkang ngidoni niku gadhah penyakit, tiang sanes uga kena penyakitipun yen migunakake banyu sumur niku.

e.      Mboten becik lingguh ing sangarepe lawang, ndhak angel nggolek jodo
Supaya sopan, lan mboten ngganggu tiyang sanes umpami badhe liwat. “ndhak angel nggolek jodo” namung kanggeh mendheni, supaya uwng wau becik, lan prayoga.
f.       Mboten becik lingguh ing saduwure bantal. Ndhak wudunen.

Amargi bantak iku kanggeh mustaka (sirah), lan mboten sopan umpami bantal kanggeh lingguh. “Ndhak wudunen” supaya bocah-bocah mboten lingguh ing bantal, supaya sopan, lan supaya trep marang tata krama.





Nama : Febriana Wahyu Utami (14)
           Windi Mahendra Putri     (31)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar