Selasa, 29 Januari 2013

Sapaan Pidato Bahasa Jawa


Pidato Kamardikaan
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarokatuh
Bapak kepala desa ingkang tuhu dahat kinurmatan.
Penjenenganipun bapak kepala dukuh ingkang kinurmatan.
Bapak Rw, bapak RT ingkang kula urmati.
Bapak/Ibu warga dusun karakan 06 ingkang kabagyan.

Saderengipun acara kita purwakani , sumangga kita ngaturaken puji syukur konjuk dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha Kuasa, ingkang sampun paring kagagasmawas lan lestari. Satemah ing wekdal menika, panjenengan  dalasan kula  kepareng kempal menunggal wonten ing papan menika kanti wilujeng tanpa alangan setunggal menapa.
Para bapak, para ibu ingkang sami rawuh ingkang kula urmati. Kepareng munggel pangandika sawetawis, nun inggih kepareng matur amakili sedaya kadang panitia pengeta dinten Kamardika Negara Indonesia.
Sepisan kula ngaturaken sugeng rawuh saha agunging panuwun dhumateng panjenenganipun sedaya ingkang sampun nglonggarake wekdal , kanggeh rawuh wonten ing papan menika.
Kaping kalihipun kula lan kanca ngaturaken agengipun panuwun dhumateng Bapak Ibu lan para kanca ingkang sampun paring pambiyantuingkang wujud kemenapa mawon.
Indonesia mardika ing tanggal 17 agustus 1945 , kang diproklamasikaken kalian Ir Soekarno dalasan Moh Hatta ing dalan pagangsangan timur nomor 56 ing wekdal 10.00. Perjuangan para pahlawan ing tahun 1945 kanggeh ngamardikaaken bangsa Indonesia kanthi semangat ingkang sae. Jiwa lan semangat tahun ’45 menika mbotem saget kalaleake dening masyarakat Indonesia, kathah para pahlawan ingkang gugur ing medan perang amargi perjuangan ngawujudaken kamardikan .
Kita warga Indonesia wajib nerusaken perjuangan para pahlawan ingkang wujud menapa kemawon. Kanggeh para muda mudi , kita wajib berjuang kanggeh masa depan bangsa kita.
Mekaten ingkang saged kula aturaken. Saestu atur kula kathah kalepatan saha patrap ingkang kurang cunduk kalian rehing tata krama, kula nyuwun agunging pangapunten.
            Wassalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh
















Nama   : Windi Mahendra Putri
Kelas   : IX C
Nomor : 31


1 komentar:

  1. KAMI SEKELUARGA TAK LUPA MENGUCAPKAN PUJI SYUKUR KEPADA ALLAH S,W,T
    dan terima kasih banyak kepada AKI atas nomor yang AKI
    beri 4 angka [9795] alhamdulillah ternyata itu benar2 tembus .
    dan alhamdulillah sekarang saya bisa melunasi semua utan2 saya yang
    ada sama tetangga.dan juga BANK BRI dan bukan hanya itu KI. insya
    allah saya akan coba untuk membuka usaha sendiri demi mencukupi
    kebutuhan keluarga saya sehari-hari itu semua berkat bantuan AKI..
    sekali lagi makasih banyak ya AKI… bagi saudara yang suka PASANG NOMOR
    yang ingin merubah nasib seperti saya silahkan hubungi KI JAYA,,di no (((085-321-606-847)))
    insya allah anda bisa seperti saya…menang NOMOR 750 JUTA , wassalam.










    BalasHapus